SYIIR AL QUR AN ( KH. MUNAWWIR KRAPYAK)


Moco qur’an agung banget faedahe
Namung kudu netepi toto kramane
Mergo akeh wong kang moco qur’an tompo
Ing bendune sebab ora toto kromo
Wes cekake saben tahun ojo kurang
Khotam qur’an kaping telu ing ambalan
Lamung khotam ing sak qur’an pamacane
Iku enggal mustajab ing panyuwune
Ono donyo Allah olehe nyebadani
Ing utowo nemu bejo ing wes mati
Nanging ojo rokok utowo caturan
Lahan ono sandinge wong moco Qur’an
Balek kuwe rumongsoho sak jerone
Moco qur’an ing jerone ngrungokake
Iku klebu bekti Allah kang sejati
Ing senajan marang makno ora ngerti
Dene ngerti ing maknane anambahi
Ing faedah lan madangke marang ati
Alloh ngudaneni lahir batin iro
Lan mirsani lan mirengke moco iro
Wong kang ahli  moco qur’an ora susah
Besok ing dino qiyamat malah bungah
Omah ingkang kanggo moco qur’an jembar
Ing rizqine ahli omah ojo samar
Omah ingkang ora kanggo moco qur’an
Rupek pangupo jiwane kroso kurang
Gusti Alloh kulo nyuwun remen nderes
Klawan Qur’an lahir batin ingkang leres
Qur’an iku mukjizat kang paling agung
Ngilangake penyakit susah lan bingung
Lan sageto kulo nderek dawuh qur’an
Pejah kulo nyuwun islam sarto iman

Komentar

Postingan populer dari blog ini

FILOSOFI TEMBANG JAWA "SLUKU-SLUKU BATHOK"

PROPOSAL MUSHOLLA NURUL ULYA LEMBUR KULON